Naskah Ludruk Bertemakan Lingkungan


Naskah Ludruk


Diceritakake ing sekolah ana kegiyatan kerja bakti.Para siswa padha resik-resik ing lingkungan sekolah.Ardi lan Doni melu nyirami kembang.

Doni : "Ar,tulung jupukno banyu"
Ardi  : "Emoh,jupuko dhewe"
Doni : "Ooh ancen medhit."
Ardi  : "Bah,barikan lapo nyirami kembang?Bosen aku resik-resik"
Doni : "Yowes ngaliho,tak resik - resik dhewe" (nyurung Ardi)

Ardi ngalih tapi malah ning kantin.Ardi tuku mangan lan Ade sing liwat saka lab nekani Ardi

Ardi : "Luwe aku tak mangan sek ah"
Ade  : "Di,kowe lapo ndek kene?'
Ardi : "Yo mangan tah,ora iso ndelok a?"
Ade  : "Yo ndelok tah,kowe ora resik resik a?"
Ardi : "Waduh,bosen aku resik resik,mending mangan ning kantin.Ayo melu mangan karo aku"
Ade  : "Wegah,mengko diseneni guru"
Ardi : "Halah wedian kowe iku"
Ade  : "Babah wedian,sing pentig ora bodho koyok kowe"

Ade ninggal Ardi ning kantin,terus dheweke ngelanjutno resik-resik ning ngarep kelas.Ade ketemu Doni sing lagi njupuki godhong garing.

Ade  : "Lho Don kowe kok dhewean?"
Doni : "Iyo,aku mau dikancani Ardi,tapi dheweke wis ngalih"
Ade  : "Oalaa,aku mau liwat ngarepe kantin ketemu Ardi.Ardine mangan ning kantin"
Doni : "Oala anccen bocah kuwi"

(Ana guru nekani Doni lan Ade)

Guru : "Lho kok mung bocah loro?"
Doni : "Enggeh bu,wau wonten Ardi nanging dheweke pun sampun ngalih''
Ade  : "Kula wau ketemu Ardi,dhewele lagi mangan ing kantin"
Guru : "Oalah bocah kuwi,kongkon mrene,ngomongo tak goleki"
Doni  : "Enggeh bu,nuwun sewu"

(Ade lan Doni nggoleki Ardi.Ing liya panggonan Ardi mlaku mlaku lan mangan gedhang.Ing mburine ana Andre kang lagi nggowo kresek reged)

Ardi : "Lapo kesel kesel nyirami kembang"
Andre : "Hii lapo bocah kuwi ngomong ngomong dhewe?"

(Andre nggremeng.Ardi sing mari mangan gedhang kulite diguwang ing mburi lan ngeneki Andre.Kresek regede rutuh lan isine semburat)

Andre : "Woy! Yo opo seh?kok mbuwang kulit gedhang sakkarepe dhewe?"
Ardi    : "Oh sepurane,aku ora eroh yen ana kowe ing mburiku,barikan salahmu lapo ana ing kono"
Andre : "Lho salah tambah nyalahno"
Ardi    : "Lah karepku seh"

Ade lan Doni akhire ketemu karo Ardi. (Andre njupuki uwuh sing semburat)

Doni : "Di,kowe ditimbali Bu Diva"
Ardi  : "Ana Opo?"
Ade   : "Rono o wes"
Ardi   : "Wegah lapo seh?"
Doni  : "Rono o cepetan"
Ardi   : "Wegah aku"

Ana guru liya sing nekani bocah-bocah kuwi

Guru  : "ana opo iki?"
Ade   : "Niki lho bu,Ardi mboten purun resik resik"
Ardi  : "mboten bu"
Doni  : "Walah ojo goroh"
Guru  : "wes wes ngene ae,kowe melu aku resik resik ig ruang guru.Sing liyane lanjutno resik resik ning kene wae."
Ade,Doni lan Ardi : "Enggeh bu"
Ardi : "Lho buu"
Guru : "Ora usah lho lho an"

Ardi mlaku kan kepreset kulit gedhang wau

Ade  : "Rasakno kuwi"
Andre : "Mulane ojo Mbuwang reged sembarangan"

1 komentar:

  1. Wynn Las Vegas - JamBase
    The Wynn Las 화성 출장안마 Vegas 부산광역 출장안마 is a sprawling property 거제 출장마사지 set amid the glitz and glamour 성남 출장마사지 of Wynn Las Vegas. The only thing wrong 문경 출장마사지 with it is its proximity to

    BalasHapus

 
izzataniaulfn Blog Design by Ipietoon